Pages

SOPSAN Parikan Banyumasan

Sing aran tembung parikan, merguyokna pisan
Kena nggo bumbu dopokan
Uga kena nggo hiburannnnnnnnn
Ning aja nggo penjorangan

Apa maning padhang wulan
Timbang mung rubungan, dopokan ora karuan
Adol jere kulak ndean
Percuma suka parikan


Wong njangan kluwih, nganggo santen klapa
Tumplek nang sarung hangatnya terasa
Sanajan olih randa = ora apa-apa
Sing penting urung kadaluwarsa

Jangan terong akeh lugute
Timbang nyolong suka njaluke

Jangan klewek akeh trasine
Wong wis watek angel tambane

Jangan slada akeh mricane
Prawan randa ya pada bae

Jangan tumplek karo segane
Cempulek eh ayu ninine

Suket teki thukul nang nggili
Dipereki koq clala clili

Suket garing nggo empan sapi
Tiwas nyanding ora nyicipi

Suket jeang dinggo nambani
Nek disawang tambah ngangeni

Suket gajah diopeni
Mbok mubah nyong gelem nampani

No comments:

Post a Comment