Pages

Jalan alternatif Gombong Banjarnegara

Jalan tembus alternatif Gombong Banjarnegara sing wis pernah tek lewati antarane jalur:
1. Gombong-Sempor-Ketileng-Mandiraja.
2. Gombong-Kenteng-Lawang Awu-Merden-Purwanegara

Karo tek eling-eling tek bahas metuk siji
1. Gombong-Sempor-Ketileng-Mandiraja.

Angger liwat jalur kie dalane jan maen banget dirumat alus tapi ya kue akeh anjatan & turunane, duwur-duwur kudu tahan nduwe nyali kendel, lalu lintase mandan rame, terutama angger awan trek-trek sing gawa merang sundul langit pada liwat kene, angger pas nang anjatan ati2 ati aja pada nang mburine mbok treke mlorod ora kuwat manjat.

Liwat jalur kie jan ndemeni pisan, pemandangan gawe ati tentrem smringah, soale jalure liwat alas, pinggir kali, uga liwat pedesaan sing tesih alami!
Kanggo nyambi ngaso-ngaso bisa mampir nang obyek wisata waduk Sempor, lokasi sekitar 8 KM arah lor pasar gombong, bisa nunut mancing karo ngisis, terus angger ngalor maning bisa mampir nang bendungan Kali Sapi, dadi angger liwat jalur kie cocog banget nggo refreshing & plesiran.
2. Gombong-Kenteng-Lawang Awu-Merden-Purwanegara
Jalur kie juga ora beda adoh karo jalur sing liwat waduk Sempor, cuma angger liwat kene lalu lintase lewih sepi, dalane juga lewih alami, tapi anjate lewih duwur-duwur, terutama dalan sing mendekati Lawang Awu sekitar 18 KM pasar gombong ngalor, karo anjatan/turunan Watu Celeng
Puncak anjatan Watu Celeng kie pemandangan sing paling indah, apa maning angger esuk-esuk, tesih ketutup pedut, numpak motor rasane kaya numpak motor mabur, soale puncak Watu Celeng puncak paling duwur nang sekitare dadi nanger pas nang puncake ndeleng mengisor jan rasane kaya lagi numpak montor mabur, angger di deleng kan kene Puncak Gunung Slamet juga keton jelas banget senajan nang kadoan
Dalan kie akeh alas pinesane, liwat esuk-esuk jan seger banget, kan umah ora usah adus ndimin, aduse nang kali pinesan bae sing lewih seger alami hehe, bisa nyambi dolanan kresukan nang grombol & penekan wit pines.
Jarak lewat Sempor karo jarak lewat lawang Awu perbandingane ora adoh, jalure angger siki lewih kepenak liwat Sempor, soale dalan Gombong-Lawang Awu siki lagi rusak, ambles akeh jeglongan, akeh trek ngangkut pasir karo lemah abang pada ngambah saben ndina koh.

Siji maning sing perlu di eling-eling, sepanjang dalanan kie tesih langka & jarang tukang tambal ban, mulane angger pas liwat terus bane bocor & kempes nang tengah alas, jan bisa dibayangaken lah..
Biasane jalur kie tek liwati khusus dina Minggu, Rebo, soale dina kue pasar Purwanegara lagi pasarane: iwak, ayam, bebek, manuk, dara, terwelu, marmut, dll pokoke sekancane.
Angger Senen, Kemis biasane liwat dalan Sempor, soale Mandiraja sing lagi pasaran iwak, dadi inyong bisa mampir ngileng-ngileng ayam, golet bibitan bangkok hehe.

3 comments:

  1. mas nyuwun pirso dalan sempor-mandiraja kepriwe keadaane?

    ReplyDelete
  2. Gak Ada Angkutan Umum yah mas???

    ReplyDelete
  3. Lawangawu itu nama gunung apa nama kampung mas?

    ReplyDelete