Pages

SOPSAN Parikan Banyumasan

Ngarah uceng nang blumbangan
Kamitetep nang slempedan
Timbang puyeng suka tembangan
Idhep-idhep dinggo hiburan

Ditarik kenceng arane pantheng
Dibenggang amba arane penthang
Tangan njepaplang arane pentheng
Digebug kayu arane penthung
Bandung-Cimahi-Padalarang
Wong gemblung nek ngomeih pada reang
Beda nek nglongok barang ayu
Cilongok-Ajibarang-Bumiayu

Rupa-rupa pisan aran singkatan
Wong siki jamane singkatan
Rupa-rupa pisan aran istilah
Wong siki jamane istilah

Prancis jere prapatan pancurawis
Prangko prapatan karang kobar
Pembajak pokoke moh mbayar pajak
Lah nek penthil? penilik tilpun

Duwit satus arane cepe
Manuk setan arane bence
Anak wedus arane cempe
Tukang njaluk arane kere

Ngisor cengklok arane kempol
Driji buntet arane jempol
Wiji salak arane gecol
Ora lempeng arane mengsol

No comments:

Post a Comment