Pages

Impen

Jaman aku esih cilik mbien uripe nang ndesa, ketinggalan jaman tapi hepi, senenge dolan nang alas, nang sawah, juga dolanane nang kali, angger uripe nangumah bae, malah langka kancane, soale bocah-bacoh se umuranku mbien pada nduwe wedhus, dadi saben ndinane ya pada ngarit nangalas utawa angon wedhus nang sawah, saben balik sekolah, wis genah rame rombongan pada mangkat ngarit, utawa rombongan angon wedhus, walopun mbien cilik aku urung nduwe wedhus (njaluk karo bapake urung ditukokna) ya tetep melu-melu angon, melu meng alas dan meng sawah, kecean nang kali dll dolan melu kanca, angger nangumah bae ya ming bergaul karo biyunge, ngrewangi marudi budin, memeni krekel, hehe ya ora rame lah.

Jaman siki inyong wis tuwa, tesih cokane kegawa kelu sing mbien-mbien, ya kiye ethok-ethoke curhat lah, siki tuline nyong wis ngode, ngodene adoh, dadi ya jarang pulang kampung, saben lebaran be ora mesti bisa perlopan, kaya kie angger lawas lunga-lunga suwe ora ketemu biasane tuli kangen, kangen anake, kangen bojone, kangen dulure dll, tapi sing bedani kangene ga hanya Cuma itu, angger inyong malah kangen dolan nang sawah, nang alas, nang kali, di tempat-tempat sing bien dadi tempat dolananku, saking kangene mbok ya, sampai kegawa ngimpi. Ngimpine ora pisan pindo, pokoke sering.

Waktu jamane lebaran, tangga-tanggaku pada silahturahmi karo keluargane kabeh, kanca-kancane dan dulur-dulure, bar kuwe pada lunga plesiran maring waduk sempor, benteng van der wick, pantai karang bolong, pantai petanahan, pantai ayah, gua jatijajar, gua petruk dll, angger aku wingi malah plesire maring alas, ya kuwe anu ke gawa impen, angger aku wis ngimpi dolan mengalas, mengsawah, nang kali, terus ora tek lakoni, pokoke dadi beban pikiran, angger wis dilakoni, alas sing tek impeni tek parani, nangkono kuwe pikiran plong krasa bombong, ati tentrem jan ayem temenan,

Apa ya enggane, alas, kali, sawah, nduweni rasa kangen karo aku, apa inyong sing kangen yah?? soale angger suwe ora tek tiliki jan mrimpeni koh, hehe

No comments:

Post a Comment