Pages

Ingon ingone kang woto gombong

hehe kulanuwun ngapak banyumasan teka maning ...

kie ingon-ingone kang woto, sing kadang gawe sebel tangga-tangga sebelah umah, sapa sing bisa nebak, ingon-ingon apa kuwe, sing genah sih udu ingon-ingon tuyul

nangumah kang woto nduwe kesenengan ngingu manuk dara, sbenere sih mung asal ngingu, dinggo kembang gendeng, tp ya kuwe sing kadang marakna tangga-tangane pada misuh-misuh, soale kadang manuk darane sering ngentongna dan ngeker-ngeker memean, terutama memean jagung, pari dan kacang ijo, kawus..

sbenere kang woto sih wis ngerti, ngingu manuk dara marakna umah jan pada kotor, soale angger ngising manuk darane skepenake dewek, nangendi bae tinggal brutt... plotok..

biasa di empani nangerapan latar, angger wis pada kencot manuk darane jan kmrubut ngumpul nangerapan, seringe pada munggah maring teras, ngisinge kuwe sing ora nguati, terase full tembelek dara, marakna tamu ora sida mampir ngumah, hehe



ora mung tanggane thok sing sebel, rama biyung mertua juga iya, bojone sebenere sih melu sebel, tapi ya meneng bae. pancen sih ngingu manuk dara anu wis dadi kesenengane kang woto, walau akeh tangga sing pada ora seneng tapi ya keprimen maning, tetep baen kang wotone mbesil ngingu, hehe


No comments:

Post a Comment